SMA Negeri 2 Playen ngadani pagelaran karya siswa asiling pasinaon kokurikuler P5. Pagelaran menika dipuntampilaken dening siswa-siswi kelas XI Fase F1. Tema ing P5 inggih menika Bhinneka Tunggal Ika, kanthi topik “Anglaras Rasa Nggayuh Lestarining Budaya Jawa”. Pagelaran menika dipunadani ing TBG (Taman Budaya Gunungkidul). Kepala Balai Pendidikan Menengah Gunungkidul, Kepala Balai Tekkomdik Yogyakarta, Kepala Dinas Kebudayaan Kabupaten Gunungkidul, Kepala Dinas Pariwisata Kabupaten Gunungkidul, Lurah Logandeng, saha Komite SMA Negeri 2 Playen rawuh ing adicara menika.
Wonten ing pangandikanipun, Kepala SMA Negeri 2 Playen rumaos bombong, mongkog dhateng siswa-siswa kelas XI ingkang sampun nindakaken gladhen kanthi tumemen satemah saged tampil kanthi sae. Panjenenganipun ugi ngendikakaken bilih SMA Negeri 2 Playen tetep nguri-uri nilai-nilai budaya lokal, kados ing Kridha Budaya menika. Majenging teknologi saha nguri-uri budaya kedah seimbang saha dados dhasar pendidikan karakter, satemah saged dados upaya supados siswa-siswi saged dados jalma ingkang lantip ing bab digital ananging budaya bangsa tetepa dados bab ingkang utama. Boten kesupen, Kepala SMA Negeri 2 Playen ugi ngaturaken agunging panuwun awit pambiyantu saking sedaya satemah gelaran budaya saged katindakakaen kanthi gangsar. Salajengipun, Kridha Budaya dipunpurwakani dening Kepala Balai Pendidikan Menengah Kabupaten Gunungkidul.
Awit panyengkuyung saking Balai Tekkomdik Yogyakarta, adicara kridha budaya saged katampilaken kanthi langsung wonten ing JB TV dan Youtube. Bab menika minangka wujud panyengkuyung dhateng SMA Negeri 2 Playen ingkang kapilih minangka salah satunggaling kandidat Sekolah Model Berbasis TIK dalam program Jogja Smart School.
Panen hasil Belajar Projek Penguatan Profil Pelajar Pancasila siswa kelas XI utawi Fase F1 SMA Negeri 2 Playen dipunwujudaken ing pagelaran Kridha Budaya ingkang kalaksanan ing Taman Budaya Gunungkidul ing dinten Rebo, 11 Juni 2025. Panen karya menika minangka papan kangge nampilaken asiling projek penguatan profil pelajar Pancasila, Tema Bhinneka Tunggal Ika, siswa fase F1 SMA Negeri 2 Playen Tahun Pelajaran 2024/2025.
Kridha budaya, salah satunggaling reroncening kegiyatan projek penguatan profil pelajar Pancasila ingkang dipunadani minangka program kokurikuler SMA Negeri 2 Playen kangge mujudaken profil pelajar Pancasila. Kanthi projek menika, siswa ugi dipungadhang saged eksplor lan sinau kawruh bab budaya, damel kiyat antawisipun satunggal dhateng sanesipun supados kurmat-kinurmatan, ngrembag perkawis sesarengan, ugi sageda apresiasi budaya supados gesang bebrayan manggiha katentreman. Siswa ugi pikantuk pengalaman njumbuhaken emosi ing maneka warna kahanan, ngginakaken maneka warna cara komunikasi nalika promosi kolaborasi budaya saha interaksi antawisipun manungsa dhateng manungsa sanesipun.
Topik ingkang kapilih, Anglaras Rasa Nggayuh Lestaring Budaya Jawa. Kanthi topik menika, saben kelas nampilaken pethikan-pethikan cariyos wayang, Mahabarata ugi Ramayana.
Kelas F1.1 nampilaken lakon kanthi irah-irahan Dewa Ruci, naskah kaserat dening Rendy Hendrajaya Suryono dene sutradara Anter Asmorotedjo. Penata tari Widi Pramono saha Khoiruna Aisya Balqis wondene Penata Musik Agung Widanta. Penata Rias Rohadi lan Penata Busana Anang Wahyu Nugroho. Cariyos kawiwitan nalika Bratasena kepingin pikantuk ngelmu “Sangkan Paraning Dumadi” dhateng Maha Guru Drona. Bratasena dipundhawuhi mdosi kayu Gung susuhing angin. Dumugi ing Gunung Candramuka, Bratasena kepanggih kalihan Rukmuka lan Rukmakala (ingkang sejatosipun Bathara Indra lan Bathara Bayu). Minangka atur panuwun awit Bratasena sampun mbiyantu, Bratasena dipunparingi warta bilih kayu Gung susuhing angin mneika boten wonten lajeng dipundhawuhi wangsul dhateng Maha Guru Drona. Dumugi ing Sokalima, Bratasena dipundhawuhi madosi Tirta Suci Perwitasari. Bratasena nyuwun pamit dhateng ibunipun, Ku thi Talibrata. Nalika dumugi samodra, Bratasena kepanggih Dewi Nagagini. Nagagini caos piweling dhateng Bratasena supados tansah ing pamawas. Bratasena perang kalihan Tatsaka ngantos Tatsaka kawon. Bratasena saged pinanggih Dewa Ruci saha pikantuk wejangan “Ngilmu Sangkan paraning dumadi, saha tirta Suci Perwita Sari. Bratasena saged nggayuh sampurnaning gesang ingkang sejati.
Kelas F1.2 nampilaken lakon wayang kanthi irah-irahan Atma-Vijaya Arjuna (Mintaraga). Penata tari Suhari Ratmoko, S.Pd. wondene asisten Dewi Lupita lan Intan Wijaya. Penata musik Sandyo, S.Sn. Arjuna, satriya agung Pandawa wiwit kaganggu dening amarah, saking menika mijil Mamang Murka, titisan Arjuna. Arjun kawon saking penggalih kang kebak angkara murka. Arjuna nilar papan perang, tumuju Alas Indrakila. Ing papan kasebut, Arjuna tapa tumuju yuddha sejati, perang lawan dhiri pribadi. Arjuna mijil minangka Mintarag, manungsa kang kasil nglawan dhiri pribadi. Minangka bebungah, Arjuna nampi Pasopati. Nalika petenging jagad tumeka, Arjuna boten kendhat. Arjuna dados pemenang sejati.
Kelas F1.3 nampilaken lakon wayang kanthi irah-irahan Rupadiyu (Kumbakarna). Penata tari Ilham Cahya Ramadhan, S.Sn saha Sukma Ajeng Vitria, S.Pd. wondene penata musik dening Laurentinus Hanan. Rupa tegesipun kahanan ingkang saged katingal saking njawi, dene diyu dipunpendhet saking Jawa kuna ingkang tegesipun raseksa, buta, lambang bab ala.
Raden Kumbkarna mijil minangka raseksa, praupanipun ala nanging bab nasionalisme saha kepahlawanan saged dados kawruh bilih sampun ngantos ningali tiyang/manungsa saking praupan kemawon.
Kelas F1.4 nampilaken lakon Madusudana, kanthi penata tari Novita Wahyu lan penata musik Sandyo, S.Sn. Nalika sira mblenjani janji, nalika sira ora netepi dharma, bab licik bisa tuwuh. Delengen aku nalika murka, donya dakgenggem, bakal daksirnakake kabeh pepalang, bakal tak gawe sirna kraton papanmu. Krisna duka nalika Kurawa blenjani janji, amarah, tiwikrama lan remuk.
Kelas F1.5 nampilaken lakon wayang kanthi irah-irahan Sang Surya Putra/Karna Tandhing. Penata tari Novita Wahyu saha penata musik dening Sandyo, S.Sn. Ing madyaning perang Baratayuda. Ing perang agung dina iki, Karna maju dados duta. Apa Karna bakal tega nglawan sedulur dhewe? Nanging, sapa war kang nemahi pati, ing pungkasan Pandhawa bakal tetep lima.
Kelas F1.6 kanthi lakon wayang Vajra Pratijñā\" (Pandawa Dadu). Penata tari Suhari Ratmoko, S.Pd. lan Nia Novita, S.Pd. Wondene penata musik Sandyo, S.Sn. Ing ratri kang tanpa cahya, peteng ndhedhet, main dhadhu nemtokake aji lan kurmate Pandhwa.
Yudhistira pasrah, Duryudana lan Sengkuni ngginakaken wektu kanggo gawe sirnane Pandhawa.
Drupadi, angucap sumpah kanggo caos piwales marang bab nistha kang cinipta saka Kurawa sawadyabalane. Vajra Pratijñā—sumpah abadi Drupadi kang ngguncang bumi pertiwi.
Kelas F1.7 kanthi irah-irahan \"Jātam Mahavīra\", penata tari dening RANGGA ARYA MAHESA & SUHARI RATMOKO, S. Pd wondene penata musik dening SANDYO, S. Sn. Mijile satriya Gatotkaca. Naga Pracona, saking samudra geni, nyebar angkara murka. Kahyangan kobongan, dewa-dewa tanpa daya. Tetuka, bayi mijil sakka satriya dan raseksa. Dicemplungake ing Kawah Candradimuka, ndadosaken raga lan jiwa kuat. Tetuka malih wujud dados Gatotkaca otot kawat balung wesi, bisa mabur. Gatotkaca nantang Naga Pracona, kahyangan pulih.