Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh, Salam sejahtera kangge kula panjenengan sedaya, Om Swatyastu, Namo Budaya, Salam Kebajikan, Rahayu.
Nuwun..Kawula nuwun…
Dhewan pambiji ingkang dahat kinurmatan, Bapak ibu dwija pamupu aben wasis sesorah kangge mengeti saha mahargya dinten Hadeging Daerah Istimewa Yogyakarta ingkang kula hormati saha sagung pamirsa ingkang kula tresnani
Sumangga langkung rumiyin kula panjenengan tansah ngonjukaken raos suka syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung dene awit saking kamirahanipun kula panjenengan sedaya taksih pinaringan kawilujengan saha kabagaswarasan, satemah dipunparengaken pinanggih sinaosa boten saged aben ajeng kanthi kebak ing karaharjan saha boten wonten pambengan setunggal punapa.
Dhewan pambiji ingkang dahat kinurmatan, bapak ibu pamupu aben wasis sesorah ingkang kula ormati, saha para pamirsa ingkang kula tresnani, wonten ing kalodhangan menika keparenga kula ngandharaken sesorah kanthi irah-irahan: Napak Tilas Patriotisme Pangeran Mangkubumi Kinarya Mujudaken Kartaraharjaning Ngayogyakarta Hadiningrat Sacara Lumintir.
Sagung para pamirsa ingkang kula ormati linangkung dhewan pambiji ingkang dahat kinurmatan. Miturut Suprapto (2007:38), patriotisme inggih menika greged kangge nresnani bangsa tuwin negarinipun utawi sikap ingkang kanthi rila ngurbanaken samudayanipun kangge kuncara miwah kartaraharjaning bangsa saha negarinipun. Wondene Rashid (2004:5) nyebataken bilih nilai-nilai patriotisme ing antawisipun inggih menika setya, kendel, iklhas, saha katresnan dhumateng bangsa tuwin negari. Adhedhasar pemanggih-pamanggih menika saged dipundudut bilih patriot utawi patriotisme inggih menika sikap manungsa ingkang gadhah kekendelan, kasetyan, Ikhlas, saha tresna dhumateng bangsa saha negari kangge ageng saha kuncaraning bangsa ugi negari.
Sagung para pamirsa ingkang kula hormati linangkung Dhewan Pambiji ingkang minulya. Watak utawi Jiwa patriot mila kedah dipuntanemaken dhumateng sedaya tiyang langkung langkung dhumateng generasi mudha minangka paraga ingkang badhe nglajengaken kuncara saha lestantuning bangsa. Salah setunggal pambudidaya inggih menika kanthi nulad para pahlawan kusumaning bangsa. Salah satunggal pahlawan ingkang saged dipuntuladhani inggih menika Pangeran Mangkubumi.
Pangeran Mangkubumi nalika maksih timur pinaringan asma BRM Sujono, miyos ing Kartasura 4 Agustus 1717 ( Rabu Pon, 26 Ruwah Wawu 1641). Pangeran Mangkubumi nindakaken peperangan sadangunipun kirang langkung 9 taun mengsah VOC. VOC dipunanggeb ngganggu, ngrisak ngresahi tatanan ingkang wonten ing Kraton Mataram wekdal semanten. Perang antawisipun prajurit-prajurit Pangeran Mangkubumi mengsah wadya bala VOC dipunpungkasi kanthi ngawontenaken bedhamen lumantar prajanjen Giyanti. Prajanjen menika wosipun Praja Mataram dipunpilah dados kalih inggih menika Surakarta Hadiningrat kanthi Paku Buwana III ingkang jumeneng minangka Susuhunan saha Ngayogyakarta Hadiningrat ingkang dados panguwaos inggih menika Pangeran Mangkubumi. Nalika Jumeneng nata nglenggahi panguwaos Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat jejuluk Ngarsa Dalam Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Hamengkubuwana Senapati ing Ngalaga Abdurrahman Sayyidin Panatagama Khalifatullah Ingkang Jumeneng Kaping 1 (https://id.m.wikipedia.org).
Sagung para pamirsa ingkang kula hormati, dhewan pambiji ingkang dahat kinurmatan. Nalika Pangeran Mangkubumi mengsah perang lumawan Penjajah VOC tansah kinanthen watak kebak greged ingkang makantar-kantar saha boten gampil mutung kangge njejegaken kawibawan bangsa Mataram lumantar watak sawiji, greget, sengguh, saha ora mingkuh sinartan tekad golong gilig. Kanthi watak saha tekad menika pranyata kuwawi damel Praja Ngayogyakarta dados praja ingkang kiyat, kokoh bakoh, makmur, saha kartaraharja. Kanthi watak-watak saha tekad menika ing samangke Ngayogyakarta ingkang mila dados Dhaerah Istimewa Yogyakarta dipunajab saged sacara lumintir manggih Tata Tentrem Kartaraaharja dumugi pupating jagad. Wondene werdinipun saben-saben watak saha tekad inggih menika.
1
Angka setunggal Sawiji
Sawiji tegesipun setunggal (Poerwadaminta, 1939 : 549). Tembung sawiji menika dipunmaknani minangka fokus dhumateng gegayuhan; boten mangro, saged meper saha nanggulangi sedaya pepalang ingkang badhe nggiri godha satemah saged nyabaraken gegayuhan. Pangeran mangkubumi mila kagungan watak sawiji menika. Kanthi watak nyawiji ingkang dipuntuladha saking Pangeran Mangkubumi menika, ancas kangge mujudaken Ngayogyakarta ingkang tata titi tentrem karta raharja badhe mawujud. Mawujudipun boten naming ing wekdal samenika ananging mawujud kanthi lumintir dumugi ing wekdal samangke.
Angka kalih Greget
Greget ateges nindakaken pakaryan linambaran semangat ingkang makantar-kantar, boten gampil nglokro. Kritikan utawi panyaruwe, panyendhu dipunanggep minangka tantangan ingkang kedah dipunadhepi murih sedaya panjangka saged kasembadan. Boten gampil nalika sampun dipunbudidaya, dipuntindakaken ananging lajeng dipunpaido dening tiyang sanes. Menawi perkawis menika dipunpenggalih kanthi manah ingkang alit menika saged ndadosaken nglokro temah sedaya panjangka saged cabar tanpa guna. Kangge ngipuk-ipuk greged temtu kemawon kedah linambaran manah dhadhag. Sedaya pepalang saged kabengkas kanthi greged ingkang makantar-kantar temah sedaya panjangka saged kasembadan. Bab menika kados dene patuladhan saking Pangeran Mangkubumi nalika badhe mujudaken gegayuhan luhur. Boten sekedhik pepalang ingkang mambengi, ananging kanthi greged ingkang makantar-kantar ndadosaken gegayuhan Pangeran Mangkubumi mujudaken Ngayogyakarta santosa saged kasembadan.
Angka tiga Sengguh
Sengguh ateges sikap punapadene tumindak ingkang nedahaken raos pitados dhumateng dhiri pribadi kanthi linambaran manah andhap asor tebih saking watak kumalungkung. Pitados dhumateng dhiri pribadi badhe nukulaken pangajab, pikajengan, saha pepenginan ingkang badhe mawujud. Pangeran Mangkubumi satria Mataram cihna saged ngrampitaken sedaya perkawis
perkawis ingkang ndadosaken pepalang tumrap gegayuhan luhuripun. Kanthi watak sengguh datan angkuh gegayuhan luhur saged kasembadan. Patuladhan menika saged dipunlajengaken kangge njagi, nggulawenthah, saha nglestantunaken Daerah Istimewa Yogyakarta ingkang ayom-ayem temah kartaraharjaning Ngayogyakarta Hadiningrat saged kasembadan.
Angka sekawan Ora Mingkuh
Ora Mingkuh tembung ora mingkuh gadhah makna wantun ndhadhagi samukawis kanthi sadhar saha eklas. Ora mingkuh saged ugi maknanipun wantun tanggel jawab. Tanggel jawab menika minangka satunggaling sikap punapadene patrap kangge nindakaken ayahan saha kewajiban ingkang dados sesanggenipun tumrap pribadi, masyarakat, lingkungan sakiwatengenipun, negari punapadene dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad. Ora mingkuh ugi saged gadhah makna suthik mutung, netepi menapa ingkang sampun dados kesagahanipun kanthi sedaya akibatipun. Watak ora mingkuh linambaran greged suthik mutung saking Pangeran Mangkubumi saged dipuntingali saking perjuanganipun nalika lumawan mengsah VOC. Pangeran Mangkubumi gadhah tanggel jawab ingkang awrat kangge nyingkiraken ugi nyirnakaken sedaya pepalang saha pangaribawa ingkang boten sae tumrap kawula punapadene Praja Ngayogyakarta satemah sedaya pepenginan utawi gegayuhan saged kasembadan.
Saking watak ora mingkuh Pangeran Mangkubumi menika saged dipuntuladha dening para kawula ing Daerah Istimewa Yogyakarta mliginipun para generasi mudha bilih sikap saha patrap ingkang nedahaken raos tanggel jawab kedah dipuntindakaken kanthi dhisiplin. Kanthi wantun tanggel jawab awit sedaya ayahan punapadene akibatipun temah generasi mudha sansaya dangu sansaya dhiwasa wekasan kawicaksanan saged mawujud. Kanthi kawicaksanan menika temah sedaya perkawis saged dipunudhari sacara sae.
Sagung para pamirsa ingkang kula hormati, dhewan pambiji ingkang dahat kinurmatan. Watak nyawiji, greged, sengguh, saha ora mingkuh menika boten cekap kangge nglajengaken saha mujudaken kartaraharjaning kawula ing Praja Daerah Istimewa Yogyakarta menawi naming katindakaken secara piyambak-piyambak. Sedaya gegayuhan luhur menika saged kalampahan
saha mawujud menawi watak nyawiji, greged, sengguh, saha ora mingkuh menika kinanthen tekad golong gilig ing antawisipun sedaya kawula. Boten namung golong giliging para kawula kemawon
2
ananging sedaya tiyang ing wewengkon Daerah Istimewa Yogyakarta kedah golong gilig, saiyeg saeka kapti manunggaling kawula saha Gusti kangge mujudaken Ngayogyakarta ingkang kartaraharja ing sadhengah aspek pagesangan sacara lumintir.
Wasana sumangga patuladhan saking Pangeran Mangkubumi watak nyawiji, greged, sengguh, ora minggkuh linambaran tekad golong gilig, saiyeg saeka kapti, manunggaling para kawula kaliyan para pangembating praja dados cepengan satemah samangke kartaraharjaning Ngayogyakarta Hadiningrat saged mawujud sacara lumintir. Minangka pungkasaning atur
keparenga kula ngaturaken setunggal pada sekar Pangkur
Gegayuhan den jinangka
Raharjaning Ngayogyakarta nagri
Kanthi nulad nata agung
Narendra kang kapisan
Ngayogyakarta Hadiningrat Sultan puniku
Weh tuladha mring kawula
Lumintir salami-lami
Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken hambok bilih wonten cicir ceweting atur, galap gangsuling basa miwah sastra ingkang singlar saking reh tata krama miwah suba sita temah andadosaken kirang rena ing penggalih Jengandika estu Jenang sela wader pantun sesonderan apuranta lamun wonten lepat kawula. Wasalamamualaikum warohmatulahi wabarakatuh…..nuwun…nuwun…matur nuwun. Rahayu.