
Assalamualaikum Wr Wb.
Kawilujengan, karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sesarengan tansah muji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung, awit sih wilasa miwah barokah tansah sinandhang dhateng panjenengan sedaya dalasan kula. Amiiin.
Bapak Ibu saha para sedherek ingkang kula kurmati, wonten ing tetandhingan sesorah menika kula badhe ngaturaken irah-irahan wigatosipun kabudayan wonten ing jaman teknologi samenika.
Bapak Ibu lan sadherek sadaya, jaman samenika dipunwastani jaman teknologi. Jaman utawi mangsa nalika manungsa langkung ngendelaken anggenipun migunakaken piranti teknologi ing padintenanipun. Kathah sanget piranti teknologi ingkang dipunginakaken manungsa, kadosta hape, tivi, jaringan internet, lan sapanunggalanipun. Sadaya menika temtu saged mbiyantu pedamelanipun manungsa. Pedamelan saged dipunlampahi kanthi cepet saha asilipun ugi sae. Ananging, piranti teknologi menika mokal ugi gadhah kakirangan dhumateng manungsa.
Manungsa samsaya dinten samsaya namung ngendelaken teknologi. Tuladhanipun ing babagan pasrawungan, kula saha panjenengan asring mangertosi bilih uleman mboten malih dipunaturaken dhumateng ingkang kawogan. Ingkang hamengku gati malah ngaturaken serat ulem lumantar media sosial awujud gambar kemawon. Inggih leres, kanthi cara makaten menika, ingkang hamengku gati saged ngaturaken serat ulem kanthi cepet, ananging cara kados menika saged dipunwastani nglirwakaken unggah-ungguh utawi tata krama. Ing pungkasanipun, menawi cara mekaten dipunlestantunaken, mboten mokal ing mangkih manungsa menika dados pribadi ingkang mboten tepang, mboten srawung kaliyan sesami.
Ing babagan dhaharan, kathah ingkang samenika ngendelaken aplikasi kanthi teknologi kadosta go-food lan grab-food. Kula saha panjenengan saged tumbas dhaharan kanthi cepet lan mboten kedah medal saking griya. Pakulinan ingkang kados mekaten, namung ndadosaken manungsa kesed saha nggamplaken
Ningali tuladha ing nginggil wau, taksih kathah ingkang mastani bilih ing jaman samenika, manungsa nilaraken kabudayan lan adat isitiadat ingkang sampun lumampah ing masyarakat, langkung-langkung lare enem. Kathah lare enem ingkang mboten preduli kaliyan kiwa tengenipun. Lare-lare menika naming nengenaken anggenipun dolanan gadget lsp.
Lajeng, menapa saestunipun kabudayan taksih wigati ing tengahing jaman ingkang sarwa modern menika? Taksih. Liripun kados pundi?
- Manungsa menika lair lan gesang ing tengahing Masyarakat. Kabudayan dados perangan ingkang paling wigatos ingkang rumaket wonten ing gesangipun manungsa. Kabudayan punika saged awujud tata cara anggenipun ngagem busana, tata krama utawi tindak tanduk, tata basa, saha kados pundi anggenipun srawung.
- Wonten ing ranah pendidikan utawi pawiyatan, Ki Hajar Dewantara nate ngendika bilih, manungsa menika kedah imbang anggenipun nglampahi kodtat alam saha kodrat jamanipun. Kodrat alam inggih jatining manungsa ingkang mboten saged uwal saking kabudayan ingkang sampun dipunugemi masyarakat. Wondene kodrat jaman inggih menika jatining manungsa ingkang tansah gesang saemper kaliyan donya ingkang sangsaya majeng saha modern. Kekalihipun mboten saged mlampah piyambak piyambak. Menawi salah setunggaling kodrat menika mboten saged dipunlampahi kanthi sae, gesanging manungsa badhe njomplang saha mboten teteg.
- Gesanging manungsa, kula ibarataken kadosta layangan ingkang saged muluk dhuwur kanthi anteng. Layangan menika nggambaraken kodrat jamaning manungsa. Manungsa ingkang saged muluk dhuwur amargi sarwi ngandelaken teknologi. Talining layangan ingkang tinalen ing siti punika nggambaraken talining kodrat alam. Kodrat ingkang naleni manungsa, amrih mboten uwal saking kabudayan ing sampun dipunugemi. Menapa ingkang badhe kelampahan menawi layangan menika mboten tinalenan ing siti ? Layangan kala wau panci saged muluk dhuwur. Ananging muluking layangan menika mboten anteng nanging mobat mabit amargi angin. Pungkasanipun, layangan menika pedhot lan mabur mboten ngertos juntrungipun. Menungsa ugi kados mekaten. Menawi menungsa naming ngendelaken kodrat jaman kemawon, manungsa menika panci saged mabur dhuwur, saged sukses ing gesang kadonyanipun ananging tebih saking tata krama lan jatining dhiri ingkang kedah dipunugemi.
Lajeng, minangka gurunipun lare ing generasi milenial utawi teknologi, menapa ingkang saged kula saa panjenengan lampahi kangge nyangoni?
Sepisan, sinau kabudayan kedah kita uri-uri lan kita gatosaken. Mboten namung mangertosi namung ugi saged nglampahi wonten ing padintenan. Guru kedah saged paring tuladha ingkang leres ing babagan kabudayan; inggih bab rasukan utawi nyenyandhang, tata basa, lan ugi unggah ungguh utawi tata krama.
Ingkang sepisan babagan tata busana. Kathah lare enem ingkang mboten preduli lan migatosaken anggenipun ngagem busana. Para mudha langkung milih menapa ingkang nembe kondhang ananging mboten menggalih pantes mbotenipun busana menika ing tengahing masyarakat. Dados guru ateges kita dipun ajak sageda paring tuladha dhumateng para siswa anggenipun angagem busana amrih sageda ngagem busana kanthi trep lan sae.
Ing salajengipun babagan tata basa. Guru kedah paring pangertosan dhumateng para siswa kados pundi anggenipun matur kaliyan tiyang sanes, ingkang saumuran utawi ingkang luwih sepuh. Tata basa menika sanget wigati ing jaman samenika. Kanthi migatosaken tata basa, kawula mudha ing samangke saged dados pribadi ingkang ngurmati lan ngajeni tiyang sanes, langkung-langkung priyayi ingkang langkung sepuh.
Ingkang mboten kalah wigatinipun inggih menika bab tata krama minangka guru kedah saged paring kawruh lan tuladha kados pundi anggenipun kedah tumindak ing ngajengipun rencang utawi tiyang ingkang langkung sepuh. Kawruh menika mboten namung dipun wulangaken ing pawiyatan kemawon, nanging ugi kedah dipun pratelakaken wonten ing gesang padintenan.
Kanthi pengertosan saha tuladha sae, ing tembe mugi-mugi para lare sageda dados generasi ingkang mboten amung mentingaken teknologi kemawon, nanging ugi dados generasi ingkang tetep teguh ing kabudayan. Mugi para lare menika sageda muluk dhuwur nggayuh idham-idhamanipun, tanpa kesupen anggenipun nglestantunaken budaya ingkang adi luhur.
Makaten ingkang dados atur kula. Mugi atur kula menika sageda migunani tumraping kita sadaya. Hambokbilih kathah lepat anggen kula matur, kawula nyuwun lumunturing samodra pangaksami. Matur nuwun, sugeng enjing.
Wasalamualaikum Wr. Wb