Assalamualaikum Wr. Wb.
Rahayu sagung dumadi
Dewan pambiji ingkang dahat kinurmatan
Saha bapak/ibu dwija Basa Jawi ingkang kula tresnani
Mugi kawilujengan miwah kabagyan tansah tumanduk miwah tumedhak kajiwa kasarira dhumateng kula lan panjenengan sekaliyan.
Puji syukur ingkang tanpa pepindhan konjuk dhumateng ngarsaning Gusti ingkang Murbeng Dumadi. Awit sih wilasanipun kita saged pepanggihan ing wekdal menika kanthi karaharjan, kabagyan, tuwin kanugrahan gumelaring bagas kawarasan.
Bapak/Ibu ingkang minulya,
Keparenga kula nilaraken subasita ngadeg wonten ngarsa panjenengan saperlu badhe ngandharaken sesorah kanthi irah-irahan: NARIMA ING PANDUM
Adhedhasar bausastra Jawi tembung narima tegesipun nampi kalawan panuwun, dene pandum tegesipun bagean, pepesthen begja-cilaka. Pramila, narima ing pandum saged dipuntegesi nampi kalawan panuwun marang pepesthening Gusti Allah.
Kawontenan nampi pepesthening Gusti menika boten ateges namung nampi menapa wontenipun tanpa pangupados. Manungsa winênang ngudi, purba wasesa ing astane Gusti. Mila, kula lan panjenengan minangka titah sawantah kedah tansah ngupadosi menapa ingkang dados pesthining Gusti. Kados wedkal samenika kula lan panjenengan kajibah dados dwija basa Jawi. Satunggaling jejibahan ingkang nggadhahi tanggel jawab luhur. Sanadyan makaten, kawontenanipun taksih wonten ingkang nggadhahi pamanggih bilih pasinaon basa Jawi kirang wonten mumpangatipun. Rikala para siswa rumaos kewehan mangretosi materi pasinaon basa Jawi banjur nyepelekaken. Dene ing griya sampun awis menapa dene babar blas boten micara ngginakaken basa Jawi.
Bapak/Ibu ingkang minulya,
Bab menika satunggaling kasunyatan ingkang kedah dipuntampi lan dipunupadosi murih pasinaon basa Jawi boten kados wastra lungsed ing sampiran. Wosing pasinaon basa Jawi menika awujud kabudayan tetliaraning para luhur ingkang ngewrat maneka werni piwulang. Maneka piwulang menika menawi dipunwedhar tamtu ageng mumpangatipun
tumrap pagesangan ing jaman samenika. Tuladhanipun piwulangan bab unggah-ungguh saha sesorah. Ing materi unggah-ungguh para siswa nyinaoni bab tepa selira, andhap asor, empan papan, lan eling marang sapadha-padha. Wondene, ing materi sesoah para siswa saged mangretos kadospundi caranipun ndhapuk ukara ingkang trep kalihan kawontenan lan kadospundi cara ingkang trep ugi leres rikala nembe micara wonten sangajening tiyang kathah. Saking piwulangan sesorah para siswa nggadhahi satunggaling sangu: kendel micara ing sangajenging tiyang kathah kanthi trep, sae, lan leres ingkang samangke dipunbetahaken para siswa ing patembayatan.
Bapak/Ibu ingkang minulya,
Mata pelajaran basa Jawi minangka muatan lokal wajib wiwit SD/MI dumugi SMA/SMK/MA ing wewengkon DIY menika salah satunggaling bukti bilih pamarentah nyengkuyung saestu adeg jejeging kabudayan ing Daerah Istimewa Yogyakarta. Kaleres 18 September 2023 UNESCO netepaken Sumbu Filosofi Yogyakarta minangka salah satunggaling warisan dunia utawi World Heritage Committee asesirah The Cosmological Axis of Yogyakarta and Its Historic Landmarks. Bab menika tamtu damel bomonging manah ngengingi kabudayan Ngayogykarta saged lestantun, ngrembaka lan sageda anjayeng bawana.
Wontenipun filosofi sangkan paraning dumadi saged dipunmaknani jumbuh kalihan kawontenanipun piyambak-piyambak bilih: dwija basa Jawi minangka titah sawantah ingkang asal paraning saking Gusti saderma nglampahi pesthi kanthi alelandhesan hamemayu hayuning bawana nyingkiri sakathahing tumindak dur angkara satemah sageda murakabi tumrap bebrayan agung, ing pangajab manunggaling kawula Gusti sowan kanthi resiking dhiri.
Bapak/Ibu ingkang minulya,
Makaten andharan saking kula, kathah kalepatan saestu kula nyuwun agunging sih samudra pangaksama. Jalaran kesandhung ing rata, kebentus ing tawang, dalane ora mung siji. Bener durung mesthi pener, salah durung mesthi kalah, becik bisa kuwalik.
Nuwun, nuwun, matur nuwun. Wassalamualaikum Wr. Wb.3